Jumat, 21 Februari 2020

LAPORAN KEGIATAN PIB (Program Intensif Belajar) DALAM BAHASA JAWA


                   LAPORAN KEGIYATAN PIB

Program Intensif Belajar (PIB), yaiku program sekolah kanggo kelas 9 kang duweni tujuan ningkatake pemahaman siswa marang pelajaran kang badhe diujiaken (Ujian Nasional). PIB pada karo mbaleni pelajaran mulai kelas 7-9. Ing PIB, pelajaran sing diajarno utawa difokusake mung ana papat, yaiku Bahasa Indonesia, Ilmu Pengetahuan Alam, Matematika, lan Bahasa inggris.
Ing SMP Negeri I Purwosari, PIB dilaksanakake saben dina Senin-Kamis. Saben dina, jadwal pelajaran lan guru sing ngajar ing saben kelas beda-beda. Guru sing ngajar ing PIB dijadwal pisan, supaya kabeh guru sing ngajar pelajaran 4 iku bisa ngrasakake ngajar ing kabeh kelas 9. PIB iki dilaksanaake mung se-jam, yaiku dimulai jam 13.30-14.30.
Sakwise pelajaran kaya biasane, para siswa bakalan ngelaksanaake sholat dzuhur berjamaah. Bubar iku, para siswa nduweni waktu istirahat setengah jam sakdurunge PIB dimulai. PIB iki dimeloki kabeh kelas 9, lan hukume wajib. Kanggo siswa-siswi sing mbolos PIB bakalan diceluk lan dikumpulake nggawe barisan dewe, pas upacara dina Senin.
Sakliyane PIB, sekolah ngadakake ujian-ujian pisan, kayoto Pre Test, Post Test, Try-Out, lan Simulasi kang duweni tujuan sing mirip karo PIB, yaiku kanggo nguji kemampuan siswa ing pelajaran sing bakalan diujiake (Ujian Nasional). Lewat test-test iku mau ditambah nlai semester ganjil lan dirata-rata, hasile nemtokake siswa kasebut melbu kelas atas utawa kelas bawah.
Kelas atas utawa kelas bawah, yaiku PIB tambahan kanggo ningkatake kemampuan siswa sing kepilih ing 4 pelajaran iku. Kelas atas isine mung 40 siswa sing duweninilai rata-rata paling duwur. Kelas bawah isine mung 40 siswa sing duweni nilai rata-rata paling rendah. Kelas atas duweni tujuan supaya para siswa iku bisa oleh nilai kang maksimal pas ujian (UN). Beda karo kelas bawah kang duweni tujuan supaya para siswa iku bisa nguber telate marang kanca-kancane sing liyane. Kelas atas utawa kelas bawah iki sering disebut kelas PIB tambahan. Kelas iki dibagi dadi 4 kelompok. 2 kelompok kelas atas lan 2 kelompok kelas bawah. Kelas iki dilaksanakake saben dina Sabtu pas mulih sekolah, yaiku mulai jam 12.20-13.20.
PIB ndadekake siswa bisa lebih paham bisa mengaktualisasikan petensi sing optimal, ngembangake macem-macem keterampilan belajar, lan ngembangake suasana sing kondusif, sehingga siswa bisa tambah kreatif ing kegiatan belajar lan bisa ningkatake prestasine. Nganggo iku, siswa bisa bersaing lan bisa ngadepi soal-soal UN mengkone.

LAPORAN KEGIATAN PIB (Program Intensif Belajar) DALAM BAHASA JAWA

                   LAPORAN KEGIYATAN PIB Program Intensif Belajar (PIB), yaiku program sekolah kanggo kelas 9 kang duweni tujuan ning...